Wednesday, April 9, 2008

Bab Dluwang lan Dlancang & Proses evolusi aksara Pallawa hingga menjadi aksara Jawa

Para pinisepuh ingkang kinurmatan...

Jroning batos kula tetep ngungun len gemes menawi migatosaken
seratan aksara-2 silabaris. Punapa inggih sampun leres
bilih aksara jawi ingkang sinebat caraka, makaten:
1. punapa sampun leres saestu bilih basa ing Nuswantara
unika asalipun saking Sankrit? Sebab, Nuswantara punika
blegeripun kepulauan... ingkang saget tinalar kanthi langkung
gumathok punika, tiyang Nuswantara ingkang nganglang jagad
anebar budaya lan upacara, sanes suwalikipun, sebab ing
jaman kina makina, isinipun sujaroh ing tanah wetah (benua
alit Hindustan dumuginpun tlatah Ngarbin) punika namung
peraaaaaang kemawon. Senajan bumi Cinten kemawon ingkang
sampun majeng sastra lan budayanipun duk ing kina mboten
kathah tembung-tembung ingkang lumebet ing Nuswantara,
amertandhani bilih tetiyang Cinten mboten biasa lelayaran
ing Samudra...;-). Lha kok budaya saking bangsa ingkang
langkung bodho ketimbang Cinten, bangsa ingkang perlu
pikantuk 'utusan' saking dewatanipun, saget ngregem Nuswantara?

2. Bukti ing jamanipun HuiNeng damel terjemahan Sutra (saking
basa Sankrit) lha kok inggih ngantos tetahunan cumondhok ing
Kalingga (Holing) handhudhah Sutra sesarengan Jnanabadra?
Kamangka piyambakipun punika kundur saking kulakan Sutra
ing India.. Lho kok aeng, India ingkang damel Sutra kok
malah sekedhik saestu tiyang ingkang saget basa Sankrit?

3. Punapa sampun leres bilih Carakan punika saking tanah India
ingkang runutanpun saking tanah Ngarbin? Tiyang jumlahipun
sampun gumathok, namung 20 ingkang saget kangge nyerat
tembung-embung asli sak Nuswantara, kejawi Tlatah Katimin
(Kawasan Timur Indonesia) ingkang basanipun radi geseh..
hehehe tumraping 'ilat jawi'. Menawi kawula pikantuk atur
pamawas.... malah saking Jawi (mliginipun, tiyang wiwit jaman
kuna makuthi kathah tiyangipun lan dados papan candi-
candi lan gundhuk-gundhuk, ugi prigel damel pusaka
TOSAN aji ingkang ngantos sepriki ing saben wulan
Suro, dipun pendheti sarana GAIB, sinten ingkang damel?) sedaya
budaya lan basa punika asalipun; lajeng kacocok-cocokaken
miturut tembung-tembung bangsa sanes ingkang nampi (mengadopsi
basa Jawi). Kangge conto kemawon: tiyang pundi ingkang saget
damel EMPING hahahahaha... (teknologi pangan ingkang ampuh
sanget) eh sanes ding... tiyang pundi ingkag saget damel tembung-
tembung kangge nengeri peranganing wit MLINJO? Wonten So,
wonten Kroto, wonten Mlinjo, Klathak... lajeng witing Klapa wonten
Glugu, Blarak, Janur, Manggar, Mancung, Bluluk, Cengkir
Dawegan, Cikal, Bongkok, Pondhoh, Kenthos...cobi to... Lajeng
taneman Pantun, wonten Dami, Merang, Brambut, Dhedhak,
Bekatul. Beras, Uwos, Menir, Singgang, ....(ee eee kok jare sawah
niku saking Bangladesh? kamangka sawah lan tani niku nggih namung
wonten ing basa Jawi kawit riyin, basa Jawi Kina)

4. Punapa sampun leres bilih Dluwang utawi Dlancang punika
nembe kaangge nyerat ing jaman tahun 1500 Masehi? Sabab
miturut seratanipun Romo Zoetmulder, dalancang lan daluwang
punika kalebet tembung asli jawi ingkang artosipun busana saking
kuliting wit-witan. Daluwang malah kepara sinebat kadamel saking
kuliting Glugu (semak jenis jelatang) ageman para pertapa. Manawi
kanalar ugi gumathok, tiyang Nuswantara punika sugih wit-witan,
tur kathah jawah lan kemringet hehehehe.... dados prelu ageman
(busana) ingkang rapet saking toya jawah, ning mboten sumuk ing
pangangge... he he he he.. mboten krudhuk-krudhuk...;-) kados
samangke...

5. Miturut seratanipun Prof. Nunos ing http://www.atlan.org sinebat
bilih tiyang Mesir kina punika ngaken menawi keturunanipun
wangsa dewata ingkang rawuh saking arah 'matahari terbit' kanthi nye-
brang laut merah nitih baita... pramila kaabadekaken ing piramid-2
bilih para Pirngon punika kundur ing kalanggengan nitih baita...;-)
Tiyang Maya ing Amerika Kidul, ngaken bilih mbah-mbahipun
saking kilen nitih tetumpakan kados dene manuk rajawali... ateges
saking laladan Nuswantara... nitih pesawat.. hahahahahahaaa...

Ning inggih sumangga... kawula namung ngaturaken gawoking manah,
menawi maos sejarah ingkang sampun dados HIS-Story punika...
gandheng Nuswantara punika ing brang Kidul lajeng kajajah tiyang brang
Lor, pramila pratinjo sujarohipun inggih BERBASIS UTARA.. hahahahaha...

--kepareng--

kadepe
[ra trima nek basa jawa saka bangsa liya...]
Ki Denggleng Pagelaran
---------------------------------------
Sugiaso wrote:

Mila leres atur Panjenengan, bilih sok sintena ingkang kepengin ngraosaken rohipun aksara Jawi kedah lumebet ing jaman kina sarta asal-usulipun inggih menika aksara Brahmi. Miturut pamawos kula, panalusuring aksara Jawi kersa utawi boten kedah lemebet ing jadaging aksara Pallawa minangka variasi aksara Dewanagari. Dados akasa brahmi pecah dados 2, Dewanagari kaliyan pallawa.

Limrahipun aksara dewanagari kangge nyerat basa sanskerta, dene aksara pallawa kangge nyerat basa Pali. Basa sanskrta menika basa resminipun agama Hindhu, dene basa Pali basa resminipun agama Budha.

Ing ngandhap kula cuplik andharan bab aksara Pallawa.

Aksara Jawa merupakan hasil akulturasi dari aksara Pallawa yang berasal dari India Selatan. Dengan kata lain aksara Jawa yang kini masih ada asal muasalnya berasal dari India. Di India sendiri dikenal 2 macam jenis aksara
1. Aksara Kharoshthi. Aksara ini ditemukan di daerah Gandhara—ditulis dari kanan ke kiri—sekitar abad 4 SM hingga abad 2 SM. Aksara Kharoshthi berasal dari aksara Aramis yang dipakai bangsa Semit abad 5 SM (Indonesia Indah: Aksara)
2. Aksara Brahmi. Aksara ini mempunyai 46 abjad yang merupakan hasil rekayasa aksara Punisia (Semit Utara) yang jumlahnya 22 abjad. Aksara ini ditemukan abad 8 SM berdasarkan peninggalan bangsa Asyiria. Aksara Brahmi diperkenalkan oleh para pedagang yang berdagang ke India lewat jalur Mesopotamia (Indonesia Indah: Aksara)

Aksara Pallawa merupakan kelanjutan dari aksara Brahmi dan merupakan variasi dari aksara Dewanagari. Pallawa merupakan sebuah dinasti yang besar dan berkuasa di India Selatan pada abad ke 4 SM (Indonesia Heritage, 2002; Indonesia Indah, Tanpa Tahun; dan Pikiran Rakyat, 14 Juli 2002).
Evolusi dari aksara Pallawa ke aksara Jawa Kuno (Kawi) hingga aksara Jawa sekarang melalui ratusan tahun dalam kurun waktu yang panjang. Prosesi evolusi ini secara gamblang digambarkan oleh Filolog kondang kita sekaligus Mpu Kesusastraan Jawa Kuno, Prof. Dr. R.M. Ng. Poerbatjaraka dalam Kapustakan Djawi (1952: 7—8) sebagai berikut.

Wondene aksara Jawi ingkang dumugi sapriki taksih kangge, punika kala rumiyinipun aksara Indhu bektanipun bangsa Indhu ingkang sami dhateng ing tanah Jawi, kinten-kinten kala wiwitanipun taun masehi. Aksara Indhu ingkang wonten ing tanah Jawi punika ing sakawit, namung prelu kangge nyerati betahipun tiyang Indhu piyambak, kados ta serat-seratan bab dagangan kaliyan bangsanipun piyambak, sapanunggilanipun. Wondene ingkang dipun angge punapa basa Sanskerta punapa basa Indhu sanesipun, punika boten terang; ewosemanten wonten ancer-anceripun sakedhik, inggih punika seratan ing tanah Jawi ingkang pinanggih sepuh piyambak, punika basanipun Sanskerta …. Wondene sinyo-sinyo saha noni-noni Indhu wau sampun layak kemawon, bilih ing sasaged-saged sami dipunajar maos lan nyerat aksara Indhu, dening bapakipun piyambak-piyambak; sareng sampun kathah pranakan ingkang saged maos saha nyerat aksara Indhu, lajeng wonten, ing sakawit kados namung coben-coben, seratan Indhu kangge nyerati
basa Jawi. Panyobii punika sajakipun saged tumindak kalayan boten patos angel. Sareng sampun tumindak, mesthinipun inggih wonten tiyang Jawi tulen ingkang sumedya saged maos tuwin nyerat aksara Indhu wau, lajeng sinau, ing sakawit namung kangge kabetahanipun tiyang satunggal kalih tumraping dadagangan.

Proses evolusi aksara Pallawa hingga menjadi aksara Jawa sekarang ini—sebagaimana digambarkan oleh Pak Poerba (demikian panggilan akrab Mpu Kesusatraan Jawa Kuno ini)—mulai tahun 400 M hingga jaman Mataram Sultan Agung melalui tahpan-tahap yang unik. Indonesian Heritage (2002) menggambarkan proses evolusi aksara ini sebagai berikut.

Pallawa Awal (400—600 M)

Masa ini dibuktikan dengan adanya prasasti tiang Yupa Raja Mulawarman dari Kutai, Kalimantan Barat serta prasasti Raja Tarumanegara Purnawarman, dari Ciaruteun di barat daya Jawa. Keduanya menggunakan aksara Pallawa yang sebangsa dengan prasasti yang ditemukan di Vo-Canh, Vietnam Selatan. Prasasti Yupa diperkirakan dibuat tahun 322 Saka (400 M), menggunakan bahasa Sanskerta sedangkan prasasti Tarumanegara dibuat tahun 372 saka (450 M) dengan menggunakan bahasa Sanskerta pula.

Pallawa Akhir (600—750 M)

Aksara Pallawa akhir menggunakan prinsip “sama tinggi” dalam penulisannya. Hal ini kelihatannya berkaitan erat dengan penyesuaian alas tulis yang dipakai, yaitu lontar. Contoh aksara Pallawa akhir ditemukan pada lempengan-lempegan emas dinasti Sriwijaya berbahasa Melayu Kuno dan prasasti batu Canggal dari Jawa Tengah sebagai contoh terakhir aksara Pallawa akhir berbahasa Sanskerta

Kawi Awal (750—1000 M)

Masa ini aksara Pallawa akhir telah dipribumikan untuk kebutuhan penerjemahan teks-teks India ke dalam bahasa Jawa Kuno (kawi) sehingga aksaranya dikenal dengan aksara kawi (awal). Candi Borobudur serta sang Adikakawin Ramayana merupakan contoh-contoh yang menggunakan aksara kawi awal. Bahasa yang paling sering dipakai di masa ini adalah Bahasa Jawa Kuno, walaupun bahasa Sanskerta tetap masih ada.

Kawi Akhir Masa Kadiri (1000—1200 M)

Perkembangan aksara kawi awal diteruskan dengan kawi akhir dengan makin giatnya terjemahan teks India ke Jawa Kuno dan penciptaan karya-karya sastra berbahasa Jawa Kuno. Masa ini adalah peralihan dari kerajaan di Jawa Tengah ke Jawa Timur, yang diawali oleh perpindahan kerajaan pada masa pemerintahan Mpu Sindok.

Kawi Akhir Jaman Majapahit (1200—1500 M)

Masa ini adalah masa akhir kerajaan Singhasari dan awal kerajaan Majapahit lewat masa transisi kerajaan Kadiri Jayakatwang hingga mulai masuknya agama Islam ke Jawa. Aksara pada masa ini betul-betul menemukan bentuk terbaiknya karena banyak karya sastra yang lahir di masa ini, di antaranya Arjunawijaya, Negarakretagama, Sutasoma dan beberapa karya sastra minor lainnya. Bahasa Jawa Tengahan dipakai pada masa ini untuk hampir semua macam kegiatan tulis menulis, tetapi untuk yang bersifat sakral and susastra biasanya memakai bahasa Jawa Kuno.

Jawa Pra Modern dan Jawa Masa Kini (1500—sekarang)

Masa ini ditandai dengan banyak gubahan naskah-naskah yang sudah mulai menggunakan dluwang, dlancang, dan kertas. Semenjak jaman Demak hingga masa kraton-kraton di Jawa saat ini aksara Jawa berkembang tidak banyak perubahan, hanya berupa penyempurnaan-penyempurnaan bentuk.
-------------------

No comments: