Wednesday, April 9, 2008

Kukila

Ing duking uni kukila kalebet jangkeping
pangangen-angen piandel kekandelanipun priyantun jawi,
sasampunipun keris, turangga, griya lan wanita.
Kulila semanten boten saweneh kukila, ananging kukila
ingkang kinacek sesamining kukila karana kebak laku
semu sinaput sinamudana olah panggraita, sunangling
sukma kawekas, weweg winengku tangsul teges sinampiran
sarwa-sarwi pantes. Peksi Perkutut mekaten sampun
manunggil kaliyan kawruh kajiwan, ing sauruting gesang
bebrayan priyantun jawi. Ingkang sinebat priyayi boten
jangkep kawastanan priyantun menawi dereng anggantang
kutut, agung panggunggung alok kung anggungipun.

Ewa semanten ing wekdal samangke, peksi kutut sampun
sansaya luntur, lebur kalimput ombyaking jaman ingkang
sansaya menges-menges wengis..................

KJG
Banguntapan Jogogati

No comments: